KRISIS KETELADANAN ING KULAWARGA LAN MASYARAKAT – MWCNU TEGOWANU
  • Selamat Datang di Website Resmi MWCNU Tegowanu Grobogan — Meneguhkan Islam Ahlussunnah wal Jama’ah, Menyemai Ukhuwah dan Menguatkan Jam’iyyah untuk Kemajuan Umat
Jumat, 12 Juni 2026

KRISIS KETELADANAN ING KULAWARGA LAN MASYARAKAT

KRISIS KETELADANAN ING KULAWARGA LAN MASYARAKAT
Bagikan

KHUTBAH JUMAT 12 JUNI 2026

KRISIS KETELADANAN ING KULAWARGA LAN MASYARAKAT

Oleh: Fadil

(Ketua MWC NU Tegowanu-Grobogan-Jawa Tengah)

 KHUTBAH PERTAMA

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَعَلَ الْأُسْرَةَ أَسَاسَ الْمُجْتَمَعِ، وَأَمَرَنَا بِتَرْبِيَةِ الْأَوْلَادِ وَالنِّسَاءِ عَلَى طَاعَةِ اللَّهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينُ، وَنَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَاحِبُ الْخُلُقِ الْعَظِيمِ، وَالْمَنْهَجِ الْقَوِيمِ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّاهِرِينَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

أَمَّا بَعْدُ،

فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ، وَنَجَا الْمُؤْمِنُونَ. اِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ:

﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ ﴾

Jamaah Shalat Jumat ingkang minulyo,

Wonten ing dinten jumah ingkang kebak barokah punika, mangga kito sesarengan tansah niteni lan nggugah raos takwa kito dumateng Allah SWT. Ketakwaan ingkang dipunwujudaken kanthi nindakaken sedaya perintah-Ipun lan nebihi sedaya awisan-Ipun. Supados kito sedaya manggihaken kawilujengan, sae wonten ing alam dunya punika, sumrambah mangke wonten ing akhirat.

Jamaah ingkang dipunrahmati Allah,

Dinten punika, kito gesang wonten ing jaman digital ingkang tingkat ketergantunganipun manungsa dumateng teknologi sampun ngantos wonten ing tahap ingkang nguwatiraken. Miturut data saking maneka warni lembaga riset digital, rata-rata masyarakat Indonesia dinten punika saged nelasaken wektu antawisipun 7 ngantos 8 jam saben dintenipun namung kagem mirsani layar handphone utawi internet.

Saking mriku, putra-putri kito—ingkang mlebet generasi Gen Z lan Gen Alpha saben dinten dipun-bom rupa-rupa informasi, tontonan, lan gaya urip liwat media sosial kados TikTok, YouTube, lan Instagram. Dampakipun, kito nembe ngadhepi sawijining krisis ingkang mbebayani sanget kagem masa depan generasi umat Islam, nggih punika Krisis Keteladanan (Crisis of Role Model).

Jamaah Shalat Jumat ingkang minulyo,

Cobi kito pirsani kanthi athi ingkang wening lan jujur. Adhedhasar kasunyatan lan survei-survei kontemporer ngenani tren lare enem, menawi lare-lare dinten punika dipun-pundut pirsa

babagan sinten tiyang ingkang dipun idolakaken, mayoritas jawabanipun mboten malih asma Kanjeng Nabi Muhammad SAW, mboten Sayyidina Abu Bakar, mboten Sayyidina Umar, lan mboten para Ulama utawi Wali Songo.

Jawabanipun lare-lare dinten punika inggih punika para influencer, para youtuber, gamer, utawi content creator ingkang saben dinten dipun pijet tombol follow nipun. Putra-putri kito dinten punika langkung gampil niru potongan rambut ingkang nalisir, gaya busana ingkang mbukak aurat, caranipun micara ingkang bunder nggunakaken tembung-tembung kotor utawi kasar, lan gaya urip hedonisme ingkang namung mburu viral lan arto demi konten. Iki bukti nyata bilih bunderan keteladanan lare-lare sampun bergeser tebih saking tuntunan syariat agami Islam lan toto krama dumateng tiyang sepuh.

Jamaah Shalat Jumat ingkang minulyo,

Pitakenanipun, wonten ing pundi bunderan kesalahan punika? Punopo kito namung saged nyalahaken lare-lare utawi nyalahaken kemajuan jaman? Mboten, jamaah. Menawi kito teliti adhedhasar data saking para ahli psikologi lan sosiologi, krisis keteladanan punika tuwuh amargi wontenipun fenomena “Fatherless Country” utawi krisis ketiadaan peran bapak wonten ing ndalem griyo. Indonesia punika asring dipunsebat mlebet kelompok negoro ingkang kekurangan keterlibatan sosok ayah (fatherless) nomor sanga ing donya.

Kathah para bapak ingkang rumaos bilih kuwajibanipun sampun purna lan gugur nalika sampun maringi nafkah arupi yatra utawi materi. Wonten ing ndalem griyo, bapak fisikipun wonten, nanging jiwanipun mboten wonten kagem anak-anakipun amargi sami-sami sibuk kaliyan gadget-ipun piyambak. Anak-anak kélangan figur pemimpin, kélangan papan kagem nyuwun pirsa babagan bener lan luput, saéngga lare-lare punika pados figur pengganti wonten ing dunya maya ingkang dèrèng karuan bener akhlakipun. Kito kesupen bilih Gusti Allah mboten ngutus kito namung dados mesin pados arto, nanging dados Pemimpin Spiritual lan Keteladanan Utama kagem anak lan garwanipun.

Allah SWT sampun nggenahaken kuwajiban punika wonten ing Al-Qur’an, Surat At-Tahrim ayat 6:

اٌَ أَهٌَُّا الَّذِنٌَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِكٌُمْ نَارًا

“He wong-wong kang podo iman, reksano awakmu lan keluargamu saka sikso geni neroko.”

Sayyidina Ali bin Abi Thalib karramallahu wajhah nalika nafsiri ayat punika ngendika: “Adibuhum wa ‘allimuhum” Wulangno toto krama lan paringono ilmu agami marang keluargamu.

Tegesipun, kuwajiban nylametaken kulawarga saking geni neraka punika, utaminipun dipunbebanaken wonten ing pundhakipun para bapak selaku kepala keluarga.

Jamaah ingkang dipunrahmati Allah,

Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika tuladha ingkang sampurna. Piyambakipun mboten namung dados pamimpin umat lan negoro, nanging wonten ing ndalem griyo, Kanjeng Nabi punika sosok rama lan garwa ingkang sae sanget, kebak kelembutan, lan dados tuladha ibadah sarta akhlak. Rasulullah SAW ngendika:

خَرٌُْكُمْ خَرٌُْكُمْ لِهَْْلِهِ وَأَنَا خَرٌُْكُمْ لِهَْْلًِ

“Apik-apike sira kabeh yaiku sing paling apik marang keluargane, lan aku iku wong sing paling apik marang keluargaku.” (HR. Tirmidzi)

Mila saking punika, liwat mimbar ingkang minulya punika, mangga kito dumateng para bapak, para calon bapak, lan para kepala keluarga, mangga kito pungkasi krisis keteladanan punika kanthi langkah-langkah nyata:

  1. Sepisan, Dadoso Imam Shalat lan Ngaji wonten Griya. Sampun ngantos putra-putri kito namung ningali bapaknipun sibuk pados arto utawi dolanan HP. Tegalaken wektu kagem shalat jamaah sareng kulawarga, maos Al-Qur’an sesarengan, lan paring pitutur luhur.
  2. Kaping Kalih, Jagi Adab lan Lisan. Lare punika peniru ingkang ulung. Menawi bapaknipun asring micara kasar, gampil duka, utawi remen ngapusi, lare bakal niru. Kosok wangsulipun, menawi bapaknipun asring maos dzikir, ngendika sae, lan asring tindak dhateng masjid, lare bakal gadhah role model ingkang luhur wonten ing ngajeng mripatipun piyambak.
  3. Kaping Tiga, Tuntun Putra-Putri supados Tepang kaliyan Kanjeng Dongengaken kisah-kisah keteladanan Rasulullah, para Sahabat, lan para Wali/Ulama sakderengipun lare-lare punika sare, supados manahipun lare kebak raos tresna dumateng para kekasih Allah, mboten namung ngebaki manahipun kaliyan para artis utawi influencer medsos.

Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pituduh, kekiyatan, lan kesabaran dumateng kito sedaya, saengga saged dados pemimpin spiritual ingkang saged nuntun kulawarga kito piyambak-piyambak nuju ridha lan swarganipun Allah SWT. Amin Ya Rabbal Alamin.

بَارَكَ اُلله لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْيَْاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اَلله الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.

SebelumnyaMWCNU Tegowanu Fasilitasi Penyembelihan 52 Ekor Dam Jamaah Haji KBIHU PCNU Grobogan, Wujudkan Amanah dan Kepedulian SosialSelanjutnyaGrebeg Musholla: Kipas dari Para Wakif Diserahkan di Musholla Nurul Qomar Tlogorejo
Tidak ada komentar

Tulis Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

MWCNU TEGOWANU
Jl. Gatot Subroto (Semarang – Purwodadi) KM.24 Tegowanu Grobogan Jawa Tengah Kode Pos 58165
Luas Area1200 m2
Luas Bangunan800 m2
Status LokasiTegowanu
Tahun Berdiri2025