KHUTBAH JUMAT Tema: Keutamaan dan Kekuatan Istighfar – MWCNU TEGOWANU
  • Selamat Datang di Website Resmi MWCNU Tegowanu Grobogan — Meneguhkan Islam Ahlussunnah wal Jama’ah, Menyemai Ukhuwah dan Menguatkan Jam’iyyah untuk Kemajuan Umat
Minggu, 19 April 2026

KHUTBAH JUMAT Tema: Keutamaan dan Kekuatan Istighfar

KHUTBAH JUMAT Tema: Keutamaan dan Kekuatan Istighfar
Bagikan

KHUTBAH JUMAT

Tema: Keutamaan dan Kekuatan Istighfar

اَلْحَمْدُ لِلّٰه الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا أَشْهَدُ أَنْ لَاإِلٰهَ إِلَّااللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، أَمَّا بَعْدُ

فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللّٰهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْۗ وَمَنْ يَّغْفِرُ الذُّنُوْبَ اِلَّا اللّٰهُۗ وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kula lan panjenengan sami, marilah kita tingkatkan ketaqwaan dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, kanthi nindakaken perintah-perintah-Nya lan ninggalaken sedaya larangan-Nya. Mugi-mugi kito kalebet hamba-hamba Allah ingkang tansah istiqamah ing jalan-Nya.

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Salah satunggal amalan ingkang cendhak tembungipun nanging ageng ganjaranipun yaiku istighfar. Rasulullah SAW ngendika:

“Thuba liman wujida fi shahifatihi istighfaran katsiran.”

(Beruntunglah seseorang yang dalam catatan amalnya pada hari kiamat nanti terdapat banyak catatan istighfar.) (HR. Ibnu Majah)

Jamaah ingkang dipun muliakaken,

Istighfar menika kalimat singkat, nanging maknane jero banget. Istighfar tegese nyuwun pangapunten dhateng Allah SWT. Menawi kita sering istighfar, Allah bakal ngapus dosa kita, ngeculake saka siksa, lan paring keringanan urip.

                Para jamaah rahimakumullah,

Kita menika tiyang awam, sing saben dinten urip ing dunya kanthi warna-warna godaan. Kadhang kala lisan kita ora bisa dijaga, mata kita salah pandang, kuping kita ngrungokke perkara sing ora perlu, pikiran kita kebak suudzon lan iri marang tiyang sanes. Niku kabeh kalebet maksiat lahir lan maksiat batin. Sanajan kita usaha kanggo nyingkiri, nanging ora gampang. Wong urip mesti ana salah lan dosa. Mula saka kuwi, istighfar dadi benteng lan pembersih dosa sing paling gampang lan paling kuat. Rasulullah ﷺ, sing wis dijamin maksum (bebas dosa), malah beristighfar luwih saka 70 utawa 100 kali saben dina. Opomalih  malih kita, umat biasa, ingkang saben dinten kebak kekeliruan lan dosa.

                Jamaah Jumat rahimakumullah,

Menawi dosa-dosa kita diampuni Allah, urip kita bakal luwih tenang. Ati sing resah dadi adem. Pikiran sing sumpek dadi lega. Dalan rezeki sing seret dadi lancar. Punika sebab istighfar boten namung mbusak dosa, nanging ugi mbukak lawang  rahmat Allah lan lawang rezeki.

Allah ngendika dalam Surat Nuh ayat 10–12:

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا ,يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَارًا ,وَيُمْدِدْكُمْ بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَيَجْعَلْ لَكُمْ جَنَّاتٍ وَيَجْعَلْ لَكُمْ أَنْهَارًا.

Artosipun:
“Mula kulo ngendika dhateng para kawula wau: Nyuwuna pangapuntena dhateng Gusti Pangeran panjenengan sedaya, satemenipun Gusti Allah punika Maha Ngapura. Menawi panjenengan tansah nyuwun pangapunten, mesthi Gusti Allah badhe nurunaken udan ingkang kathah saking langit, paring rezeki ingkang kathah lan berkah, ngluberaken anak-turun ingkang sae, lan paring pepanthan kebon-kebon subur saha kali-kali ingkang mili banyune.”

                Jamaah rahimakumullah,

Ayat niki nerangake, menawi kita ngelakoni istighfar kanthi sungguh-sungguh, Allah bakal paring empat hal besar:

  1. Ampunan dosa, sing nyebabake ati dadi bersih lan tentrem.
  2. Diturunake hujan, tegese barokah lan kesuburan bumi.
  3. Diperbanyak harta dan anak, tegese rezeki sing luas lan keturunan sing saleh.
  4. Dianugrahi kebun lan sungai, tegese nikmat dunya lan akhirat.

Maka, menawi kito pingin urip ayem, rezeki lancar, bumi subur, lan keluarga berkah, perbanyaklah istighfar.

Para jamaah rahimakumullah,

Akeh tiyang nalika ngalami masalah rezeki seret, usaha mandeg, omah oamh mboten rukun, anak durhaka, nanging lali kanggo merenungi sebab batinipun.

Kadhangkala sebab utama ora lancaripun urip yaiku karena dosa-dosa sing durung diampuni.
Mula saka kuwi, solusi pertama dudu mung usaha lahiriah, tapi perbanyak istighfar.

Sinten tiyang ingkang tansah ngelakoni istighfar saben dina,

Allah bakal paring furujan min kulli hammin wa makhrajan min kulli dhayqin “jalan keluar dari setiap kesempitan dan solusi dari setiap masalah”.

Jamaah rahimakumullah

Ayo kita sami istiqamah ngucap: Astaghfirullah al-‘azhim alladzi la ilaha illa huwa al-hayyul qayyum wa atubu ilaih. Ucapan niku ora namung ana ing lisan, nanging kudu mlebu ing ati, ngrasa nyesel marang dosa, lan janji ora mbaleni maleh.Mugi kita kalebet hamba-hamba Allah sing rajin istighfar,mugi dosa kita dipun hapus, urip kita dipun berkahi, lan akhiripun dipun tutup kanthi husnul khatimah. آمين يا رب العالمين

SebelumnyaMWC NU Tegowanu Gelar Silaturahim ke Ranting Bagian Utara, Tampung Aspirasi dan Perkuat UkhuwahSelanjutnyaMengenal KH. Hasyim Asy’ari, Muassis Jam’iyah Nahdlatul Ulama
MWCNU TEGOWANU
Jl. Gatot Subroto (Semarang – Purwodadi) KM.24 Tegowanu Grobogan Jawa Tengah Kode Pos 58165
Luas Area1200 m2
Luas Bangunan800 m2
Status LokasiTegowanu
Tahun Berdiri2025